SESORAH PARPISAHAN BAHASA JAWA



Sesorah Perpisahan Saking Wakil Kelas XII
Assalamu’alaikum. Wr. Wb.
             Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah  kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Ingkang satuhu kinurmatan Kepala MAN YOGYAKARTA III, Bapak/ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang badya mulya.
        Saderengipun sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur woten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun pelajaran 2014/2015 kanti pinayungan bagas waras nir ing rubeda.
           Bapak ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing MAN YOGYAKARTA III ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika kepareng kula mingangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing MAN YOGYAKARTA III menika.
1.      Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kanhi ikhlasing manah dhumateng bapak Kepala Sekolah, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan MAN YOGYAKARTA III ingkang sampun kersa nggula-wentah kula sakanca kanti raos sih katresnan, kcihna kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Nasional saha Ujian Sekolah kanthi sae.
2.      Kula sakanca nganturaken agunging samudra pangaksami mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungula-wentah menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranahi, saestu sapisan malih kanthi andhap asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama.
3.      Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa lan sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglanjengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula saha sakanca. Amin.
            Ing wusana, cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MAKALAH PENDIDIKAN AKHLAK DALAM PENDIDIKAN ISLAM

MAKALAH PANCASILA DALAM KONTEKS KETATANEGARAAN RI

MAKALAH KODIFIKASI HADITS